Rabu, 27 Oktober 2010

Ki Hajar Dewantoro (episode 1)

0 comments
Ki Hajar Dewantara kang asma timure Raden Mas (RM) Soewardi Soerjaningrat miyos tanggal 2 Mei 1889 ing Kutha Yogyakarta. Ki Hajar tilar donya tanggal 18 April 1959 lan banjur kasarekake ing Kutha Yogyakarta.
Dening pamarintah Republik Indonesia (RI), panjenengane ditetepke minangka Bapak Pendhidikan Nasional. Saliyane iku, pamarintah RI uga netepake panjenengane minangka Pahlawan Pergerakan Nasional lumantar Keputusan Presiden (Keppres) No. 305 Tahun 1959 tanggal 28 November 1959.
Ki Hajar pancen nampa tetenger minangka Bapak Pendhidikan Nasional. Iku amarga labuh lebete marang bangsa lan negara, mligine ing babagan politik lan pendhidikan pancen gedhe. Malah Ki Hajar pantes sinebut minangka pangripta sistem pendhidikan nasional kang jumbuh kalawan kebudayaan nasional.
Nalika timure, wektu iku isih nggunakake asma RM Soewardi Soejaningrat, Ki Hajar entuk pendhidikan formal ing ELS (SD jaman penjajahan Walanda), ngancik diwasa banjur mlebu sekolah STOVIA (sekolah kedokteran bumiputera). Emane, Ki Hajar ora bisa ngrampungake sekolah ing STOVIA amarga lelaranan, awit pisike pancen ringkih.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar