Kamis, 21 Oktober 2010

Ki Hajar Dewantara (episode 2)

0 comments
Ora bisa ngrampungake pendhidikan ing STOVIA, Ki Hajar banjur ambyur ing jagading jurnalistik dadi juru warta utawa wartawan. Nalika iku, Ki Hajar kondhang minangka wartawan sing tulisane komunikatif, surasane tulisan landhep, patriotik, lan tansah mehak marang wong cilik lan nasib bangsane sing jaman iku isih kajajah dening Walanda.
Tulisan2e kapacak ing Sedjatama, Midden Java, De Express, Oetoesan Hindia, Kaoem Moeda, Tjahaja Timoer, lan media massa liyane. Saka pengalamane ing jagad jurnalistik iku, Ki Hajar banjur ambyur ing jagad politik, melu kegiyatane Boedi Oetomo. Ing organisasi iki Ki Hajar nglenggahi Seksi Propaganda. Kalenggahan iku dipigunakake kanggo mbiwarakake lan mancing thukule rasa tresna marang bangsa lan negara.
Ambyure Ki Hajar ing jagad politik katindakake kanthi tenanan. Panjenengane ora mung ngudhar lan mbiwarakake sikep politike ing media massa, nanging uga ambyur ing jagading politik praktis. Tanggal 25 Desember 1912, bebarengan kalawan Douwes Dekker (Danudirja Setyabudi) lan Ciptomangunkusumo ngedegake Indische Partij (IP).
Nanging Gubernur Jendral Hindia Belanda wektu iku, Idenburgh, ora nyarujuki madege IP. Tanggal 11 Maret 1913, Gubernur Jendral Idenburgh kuwatir menawa dheweke nyarujuki IP bakal nggawe sansaya ngrembaka lan bebas mbiwarakake sikep politike sing njurung thukule rasa nasionalisme ing kalangan bangsa Indonesia, utawi pribumi miturut basane penjajah Walanda.
Sikepe Indenburgh mangkono iku ora ndadekake mundure Ki Hajar sakancane saka jagad politik. Tanggal 1 November 1913 Ki Hajar sakancane ngedekake Komite Boemipoetra. Organisasi iki didegake kanggo ngreridhu gawene pamarintah Hindia Belanda kang bakal mahargya dina kelairane ratu Walanda kanthi pahargyan gedhen2an.
Wektu iku Ki Hajar ngripta tulisan asesirah Als Ik Eens Nederlander Was utawa Seandainya Aku Seorang Belanda lan Een Voor Allen Maar Ook Allen Voor Een utawa Satu untuk Semua Tetapi Semua Untuk Satu Juga.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar