Selasa, 19 Oktober 2010

Ki Hajar Dewantara (episode 3)

0 comments
Diasingke
Kekarone tulisan utawa buku iku kanthi pedhes nyaruwe anane pahargyan gedhe kang diadani pamarintah Hindia Belanda kanggo mahargyan dina laire ratu Walanda. Amarga buku kekarone iku, Ki Hajar, Douwes Dekker, lan Ciptomangunkusumo diasingke menyang Banda.
Ki Hajar ora gelem diasingke ing sajroning tlatah Hindia Belanda. Panjenengane njaluk diasingake menyang negara Walanda. Lan sajroning nglakoni paukuman internering iku Ki Hajar bisa nerusake sekolah lan nggawa gelar Europeesche Acte. Tahun 1918 Ki Hajar kundur menyang Hindia Belanda.
Tanggal 3 Juli 1922, Ki Hajar ngedegaken Perguruan Nasional Taman Siswa. Wiwitan iku Ki Hajar ngentekake wektu lan pikirane kanggo ngudi majune jagad pendidikan ing Hindia Belanda. Tanggal 1 Oktober 1932, pamarintah Walanda ngetokake Ordonasi Sekolah Liar nanging Ki Hajar kukuh ora nyarujuki aturan iku nganti pamarintah Hindia Belanda mbatalake aturan iku.
Ing jaman penjajahan Jepang, Ki Hajar melu ambyur ing perjuwangan bebarengan kalawan Soekarno, Moehammad Hatta, lan KH Mas Mansur nguri-uri opo kang diasilake saka perjuwangane Ki Hajar, ing kutha Yogyakarta dibangun Museum Dewantara Kriti Griya Yogyakarta. Ing museum iki sakabehing tulisan, buku, layang, lan barang2 liyane kang diasilake lan dipigunakake Ki Hajar nalika sugenge.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar